Selasa, 16 September 2008

NULIS KETRAMPILAN

Tugas 10
a. Tulisen carane gawe ketrampilan tangan sing wis nate kokpraktekke!
b. Gawea pacelathon karo ibumu babagan carane gawe mendhoan!
c. Coba critakna urut-urutan carane nandur kembang adenium wiwit saka winih!
d. Tulisen salah sijine resep jajanan/panganan. Tulis bahan, piranti, lan cara pangolahe!

Rabu, 10 September 2008

PESEN LISAN

Gladhen 9
Gawea pacelathon marang eyangmu sing isine nalika sowan ngabarake keslametan lan kaanane eyang, kowe diutus ibu ngaturake dhaharan kasenengane eyang. Lan kowe matur manawa ibu arep tindak Bandung, eyang ngersakake apa. Ing pungkasane nalika pamit kowe disangoni, nanging ora gelem amarga wis diparingi sangu ibu.

LAPORAN KUNJUNGAN

Laporan kunjungan ditulis sawise kita nglaksanakake kunjungan ing sawijine objek utawa papan.
Tuladha : Kunjungan "Puri Maerakaca"
* Puri Maerakaca iku tetirone omah adat sa-Jawa Tengah, sing kedadean saka 35 kutha
* Puri Maerakaca mapan manunggal dadi siji karo PRPP
* Kanggo nambah kawigatene sing teka Puri Maerakaca, saiki ditambahi sarana kanggo mancing
Gladhen 8
Tulisen laporan asiling darmawisata sing wis nate koktindakake, gatekna panulisan, pilihan tembung, lan isine ( paling sithik 5 pada)!

LEGENDHA

Legendha yaiku dongeng sing nyritakake dumadine sawijining papan.
Tuladha:
1. Asal-Usule Lemah Gempal lan Plered
2. Dumadine Banyumanik
3. Jatingaleh
4. Rawa Pening
5. Asal-Usul Kalibanteng
Gladhen 7
1. Critakna kanthi ringkes isine legendha:
a. Rawa Pening
b. Asal-Usul Kalibanteng
2. Piwulang becik apa sing ana ing crita iku. Sebutna 2 wae!

MACA CERKAK

Tugas 6
Wacanen cerkak "Bagus Dadi Montir"
1. Sapa wae paraga ing cerkak mau lan kepriye watake paraga utama?
2. Piwulang becik apa kang ana ing crita mau. Sebutna 3 wae!
3. Gawea sinopsis cerkak mau sajroning 3 pada!

UNGGAH-UNGGUH BASA

Tugas 5
Semaken pacelathon iki!
Siti :"Mas Yanto, kalawau wungu jam pinten?"
Yanto:"Aku dhek mau tangi rada awan, jam lima."
Siti :"Jam gangsal punika kesiangan, Mas?"
Yanto:"Biasane bareng karo wungune ibu."
Siti :"Menawi kula jam setengah enem tangine."
Yanto:"Wiwit cilik aku kulina tangi esuk."
Pitakon
1. Tuduhna endi ukara sing nganggo basa:
a. ngoko lugu b. ngoko alus
c. krama alus d. krama inggil
2. Owahana pacelathon kasebut dadi basa ngoko (Siti) lan basa krama (Yanto)!