Rabu, 13 Agustus 2008

AKSARA JAWA

Tugas 4
Tulisen nganggo aksara Jawa!
1. Utami ajar nari jaipong
2. Saiki aku kelas pitu.
3. Neng kono ana gajah sepuluh
4. Luki tuku buku neng pasar Johar
5. Wingi sore aku lunga renang
6. Bocah-bocah ayo nonton wayang
7. Ibuku masak sega goreng
8. Eyang tindak pasar nitih motor
9. Sandhalku keri neng sekolahan
10. Tanganku kethuthuk palu

PARIWARA

Tugas 3
Pratelan iki tulisen amrih dadi pariwara sing cetha!
Suryanto minangka tetuwane OSIS SMP 1 Ranggajati, ngumumake manawa wiwit dina Setu bakal dianakake lomba maca geguritan, mapan ing aula. Saben kelas dijaluk ngirimake wakile siji wae. Wara-wara iku katujokake kabeh siswa ing sekolah iku. Wara-wara iku katulis tanggal 5 Agustus 2008, dene lomba dianakake 16 Agustus 2008 jam 08.00 WIK. Teks geguritan dijupuk ing ruang OSIS.

TELEPON

Tugas 2
Telepon iku piranti kanggo wicara langsung marang wong liya sing adoh papane.
1. Kepriye tata carane nelepon, sebutna urut-urutane!
2. Coba pira nomer telepon pelayanan umum sing bebas pulsa tumrap:
a. Polisi b. Ambulans c. Dinas Kebakaran d. Telepon rusak e. Penerangan
f. Waktu/jam g. Arep pasang anyar h. Tagihan telepon i. PLN
j. Tunggakan telepon
3. Gawea pacelathon lewat telepon marang eyangmu sing isine kowe karo bapakmu arep
mampir sawise njupuk rapor ing sekolahan!

MACAPAT

Tugas 1
Tembang macapat ana 11. Semaken pada tembang ing ngisor iki!
Bapak pocung wujudmu satela pohung
piranti wicara

es em es gambar kakirim
wiwitane sing dha nganggo wong kutha

Wangsulana pitakon adhedhasar tembang kasebut!
1. Apa batangane tembang iku?
2. Piranti apa sing kasebut ing tembang iku?
3. Tulisen isine tembang!
4. Tulisen paugerane tembang iku (guru gatra, guru lagu, guru wilangan)!
5. Kalebu tembang apa pada kasebut?